Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Nganggur maning, jerene nganggur itu anugrah

Wong urip pancen kudu obah, nek ora obah ya anu ora urip koh. Jerene si kaya kuwe, tapi kayongen nek depikir-pikir ya anu ora salah.. urip = obah, nek ora obah = meneng = mati . ya mbok??? lah seora-orane ya obah anune ,.his saru rika lik..huahaha 

Wis ngarah ana rong minggu kie, jan-jan e kayane lewih sekang kuwe mbok..anu jan...critane kuwe dipehaka koh neng juragane..nek kaya liye ya nylongob yah..tapi ana sing ngomongna nek nganggur kuwe jane anugrah..apa iya? jal miturute rika priwen? kayong-kayongnen si anu mung kon liren sedeela... hem... kie padahal bendinane kudu mangan kudu nginum..ujar-ujare wong urip kuwe mung butuh mangan karo nginum tok apa?? ya ana butuh bengsin ana ganti oli , urung nek tanggane mbaranggawe alias mbarang damel..jan... malah dadi kemutan listrike nunggak ngarah rong wulan koh, seh seh..kieh ngenteni petugase teka..kekeke dadi nek ana pemadaman alias mati listrik jan jane kene ya anu ora protes acan.. wong nyatane listrike nunggak..ckckkck

Terakhir wingi sidane nekad, nekad anu mencalonkan mbuh dadi apa kae.. jerene lungmayanan si, tapi ya mbuh gajieh sepira, alah sing penting kanggo lah ora ndlohom bae neng ngumah,, masalah bayaran si sepira-piraha.. asal kena go tuku beras sekarung asal kena go tuku sate sebakule asal kena go tuku tahu tempe ya ora apa-apa..wkwkwk

Kie, dari pada nganggur sidane daripada ndonblong ya malah madaih lemah delebokna neng polibek ireng, nanduri mbuh apa bae kae lah.. nek nandur yang mbok menawane ngunduh.. nandur wit lombok ya metune lombok, nandur wiji kangkung ya metune kangkung.. mbok iya sedulur? wis kieh semono bae postingane, mbokan kedawan-dawan kelaur-laur kaya buntut layangan  malah... layangan pethekan kon buntute kedawan, mengko ya ora bisa mabur..huahua

Ya muga-muga bae ngesuk esuk-esuk persis wis ora nganggur maning, eh mbok menawane ana pak malekat lagi ngenet eh jebule maca tulisanku..kan jenenge malekat mbokya akses mring langit e kepenak..dadi surat lamaran ku kie bisa cepet gutul... amiin

Tags : Nganggur itu anugrah.

Posting Komentar untuk "Nganggur maning, jerene nganggur itu anugrah"