Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Saya yang "waras" atau situ yang gila !! (Versi Jawa)

Yah ketemu karo nyong maning kieh, 
ngerti ora ? 
kie nyong ternyata nembeke nyadar..
nyadar nek nyong kie waras. 
hua hua..brati gemiyen-gemiyen ora waras?? 
walah jan kancaku jebule gemblung..wakaka 


Ruang+Sakura=RSUD=Banyumas
Ruang Sakura RSUD Banyumas
Dadi tulisan kie anu mbahas alah jane ya anu udu 
mbahas kayongen nek mbahas basane terlalu duwur alias keduwuren,
dadi anu ngulas nek wong kuwe kadang waras kadang gemblung. haha 
penasaran rika mbok? jane rika kuwe waras apa ora ya? 
haha tambah penasaran lan mandan jengkel nek rika dearani gemblung ndakune..haha

Kieh sekie nyong karo rika itung-itungan sapa njajal sing gemblung sapa sing waras..sing waras ngalah, yawis nyong ngalah bae lah.. Alah paling

rika mengko ngaku, ngaku ora nek rika gemblung.. 


wis mending ngaku sekie bae dari pada kisinen 
mengko nek setelah maca tulisanku kiye nyatane rika pada  bae 
gemblunge karo Kaki Darkim sing gawene mlaku-mlaku 
turut ndalan karo wuda nitori tegesan pitu nenem.haha rusak-rusak. 

Ayoh dimulai itung-itungane: 

[Siji], kiye bagine rika sing barusan putus atawa nembe ketemu 
karo pacar/gadis pujaan.. 
ngaku ora nek rika pas ndeleng bandul kunci sing dewein neng pacare 
atawa gadis pujaane rika kuwe koh nek rika kelingan bae brati 
tandane rika nembe ngalami proses geblung. 
Gemblung Asmara. haha.

[Loro], sekie bagine rika sing seneng tukoni dalbor, 
ngerti dalbor ora? 
dalbor kuwe kata lain dari Marlboro.. 
nek ora ngerti Marlboro ya kebangeten banget lah.. 
Marlboro kuwe rokok kesenenganku mbiyen pas jamane nesih ndalbor..
dadi nek rika nesih seneng nukoni dalbor alias rokok 
sampe jatah jajan sangune anake atawa jataeh bojone rika 
denggo tukoni rokok dalbor brati rika nesih dikatakan 
lan melbu maring wong sing gemblung..
Gemblung Dalbor. wakaka 

[Telu], kiye kieh sing paling penting. 
aja ngantek rika ora maca !! dadi poin sing nomer telu 
kiye nyong ulih sekang bloge ngewong, 
dadi intine nek rika nesih sering ngaku-ngaku awake
lan atine ngaku-ngaku atawa ngerasa sing paling bener
 sing paling apik ,sing paling unggul, sing paling wah, 
sing paling sugih, sing paling khusu' nek slolat, sing paling rajin, 
sing paling cepet guli macul, sing akeh guli ngarit pokoke 
apa bae sing ngerasa paling wah dari pada wong liya kuwe 
tandane brati rika kegolong wong sing gemblung. 
gemblung e ora apik pisan lah.. 



pokoke rika aja ngasi dadi sing poin nomer telu kuwe, 
kayongen nek gemblung poin siji karo gemblung poin loro tah ora apa apa.. 
tapi nek wis gemblung sing nomer telu kuwe wis jan 
bener-bener rusak-rusak.. 
Nek mau ana Gemblung Asmara Terus Gemblung Dalbor 
sing kiye tek arani Sing Paling Gemblung .hua huma

Dadi rika kabeh kudu nyadar aja dadi Sing Paling Gemblung ya.. 
keyword: Inyong sing waras, apa rika wis waras? 

Posting Komentar untuk "Saya yang "waras" atau situ yang gila !! (Versi Jawa)"